Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 9
Mataram Nalika Perang Rebut Kaprabon
Kang Sapisan (tahun 1704 – 1708)
lan Kapindho (tahun 1719 – 1723)
1703 – 1704 (1708) Sunan Mas,Mangkurat III
1704 1719 Pangéran Puger,Pakubuwana I
1705 – 1706 GG. van Horn
1719 -1727 Prabu Mangkurat IV
1691 – 1704 GG. van Outhoorn
Kang anjalari perang rebut kaprabon kang sapisan iya iku congkrahè Sunan Mas karo Pangéran Puger,
apa déné éra éru marga saka panggawéné Untung Surapati.
Untung Surapai iku batur tukon saka ing Bali, wis dadi prajurit ing Betawi, diunggahahè dadi
Litnan manggedhéni prajurit Bali sagolongan.
Nalika perang Banten Untung minggat ndherek Sultan Agung ing Banten, salebaring perang nuli
nggawa kancané sawatara klambrangan ana ing bawah Priyangan, gawéné njarah rayah.
Bareng dioyak ing prajurit VOC. Untung Surapati sakancané Bali mlayu mangétan nyuwun
pangauban marang Sunan Mataram.
Senadyan Untung Surapati mungsuhing VOC., ana ing Kartasura ditampani becik malah dadi
andhel andhel GG. Champhuys nuli utusan Mayoor Taak menyang Kartasura perlu nyekel
Suntung Surapati lan nagih utangé Marang marang VOC.
Nalika prajurit Walanda teka ing kutha, wong Jawa lan wong Bali wis perang dhéwékan.
Sasuwéné ing paperangan geger gegeran, Mayoor Tak di kroyok ing gegaman, prajurit 70 kang
mati. Untung Surapati sakancané bablas mlayu mangétan.
Ana ing Pasuruwan Untung Surapati ngedegaké karajan.
Untung Surapati jumeneng adipati jejuluk Wiranagaram jajahané saya jembar, nenelukaké ing sakiwa
tengené malah nganti tekan ing Kedhiri,
Sarèhné Untung Surapati saya ndadra, Mangkurat II minta sraya marang VOC. nanging GG. van
Outhoorn durung mituruti.
Nalika semana ing saTanah Jawa akèh sekaitan nglawan wong Walanda.
Sawènèhing panggonan disebari layang nyalawadi kang ngemu rasa ngojok ojoki numpes wong
”kapir”.
Akeh priyagung Banten lan Mataram sing padha mbiyantu sekaitan iku.
Malah ana wong Malayu saka Sumatra aran Ibnu Iskandar kang mèlu dadi penuntuné sekaitan mau,
nglurugi Betawi nggawa prau akèh.
Bareng konangan ing Walanda banjur ditempuh rusak bebarisaning prau.
Prakara iku njalari enggoné VOC. ora gelem ngrewangi Mangkurat II.
Ing tahun 1703 Mangkurat II séda, kang gumanti jumeneng, Sunan Mas utawa Mangkurat III; marga
saka cacadingsampeyan, uga katelah asma Sunan Kencèt.
Sunan Mas congkrah lan pamané Pangéran Puger, mungguh kang dadi jalarané iya saka siyané
Kangjeng Sunan.
Sunan Mas iku pancèn misuwur siya lan sawenang wenang tindaké.
Pangéran puger lolos saka Kartasura, tindak menyang Semarang mundhut pitulungan Compagnie.
Sunan Mas wis rambah rambah kirim layang menyang Betawi, mundhut balining pamané, nanging ora
direwes, awit paréntah ngerti yèn Sunan Mas sekutu lan Untung Surapati nedya nglawan Compagnie.
Paréntah Betawi uga ora gelem nganggep Sunan marang Mangkurat III; kang dianggep malah
Pangéran Puger, awit Sang Pangéran ana ing Semarang uga wis kaangkat Sunan déning para priyagung
akèh, jejuluk Sunan Paku Buwana.
Anané perang rebut kaprabon iku wiwit ing tahun 1704, tekan tahun 1708.
Marga saka pitulungané VOC. Paku Buwana bisa lestari jumeneng ratu, nanging miturut perjanjian ing
tahun 1705 jajahané VOC. dielar mangétan, watesé sisih lor Cilosari, ing sisih kidul Cidhonan ing
Cilacap.
Sunan Mataram wis ora duwèni wewenang ing atasé tanah Sumenep lan Pamekasan.
VOC. diwenangke kena sediya prajurit ing Kartasura manèh.
Nalika Kartasura ditekani wadyabala Walanda, Sunan Mas lolos mangétan mundhut pitulungan marang
Untung Surapati.
Ing tahun 1706 prajurit VOC. kang disénapatèni Knol nempuh ing Bangil, yaiku bètèngé Untung
Surapati kang santosa dhéwé.
Ing Bangil bedhah, nanging untung Surapati ora kecekel, mung baé amarga ketaton ora antara lawas
mati.
Ing tahun 1707 ana prajurit VOC. nglurug mangétan manèh merangi para anaké Untung Surapai kang
mbiyantu Sunan Mas.
Ing tahun 1708 Sunan Mas asrah bongkokan marang Knol, nuli kakéndhang menyang Ceylon.
Ing tahun 1719 Paku Buwana I séda, njalari perang rebut kaprabon kang kapindho.
Para sadhereke Sunan anyar Prabu Mangkurat IV padha mèrèkaké nganti nganakaké perang.
VOC. mitulungi marang Mangkurat IV. Para panganjure kraman padha dibuwang menyang Ceylon
utawa menyang jajahan Compagnie ing Afrik sisih kidul (Kaapkolonie).
Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 10
Kaanané VOC Wiwit Tengahè Abad 17
Tumekané Tengahè Abad 18
Nalika J. Maetsuycker madeg dadi Gouverneur Generaal (tahun 1653 – 1678) jajahan darbeke Compagnie wis rada akèh.
Betawi lan wewengkoné, wiwit tahun 1619
Kutha Malaka lan wewengkoné, tahun 1641
Punto de Gale lan Legombo ing Ceylon, tahun 1658
Tlatah tlatahané pasisir Coro9mandel, lan Malabar, tahun 1661
Ambon, Kepiloan Bandha, Makasar, tahun 1667
Kejaba iku VOC. iya duwè kantor ing pasisiré sunglon Persi, ing Benggala, Siyem, Formosa lan Decima.
Saking jembaring jajahan lan kehing kauntungan VOC. bisa sugih lan kuwasa.
Para aandeelhouder wis akèh banget bathiné, ngungkuli bathen kang wis katemtokaké, iya iku 12,5%.
Ing tahun 1642 bageyaning Bathi nganti mundhak tekan 50%, VOC. dadi ndedel, ing saantarané
tahun 1630 lan tahun 1650 bisa tikel 3 utawa 4.
Kauntungané VOC. iku jalaran saka pranatan monopolie.
Marga saka monopolie mau VOC. bisa kulak murah lan yèn dodolan dilarang larangaké.
Upama bumbu craken: pangulaké pala sa”pun” terkadhang mung 7,5 sèn, pangedole 3,5
rupiyah.
Pangulaké cengkeh sa ”pun” 20 sèn, pangedole sok 10 rupiyah.
Pangrehing VOC. (Bewindhebber) ing tanah Walanda kang diarah mung ngencengaké pranatan
monopolie, ora susah njembaraké jajahan.
VOC. kudu ngedegaké lojo loji manèh, awit VOC. kudu mung salugu dedagangan.
balik pangrehing VOC. ing Betawi karepe ngendhokaké monopolie.
Wong bumi kerep disuwunaké idin GG. Coen lan van Diemen prakara kamardikaning dedagangan,
nanging para Bewindhebber ora mituruti.
Punggawané VOC. akèh kang wong asor lan ala, wuwuh wuwuh blanjané ana ing tanah Indhiya mung
sathithik.
Blanja kawitan (asisten = carik) mung 10 rupiyah, banjur mundhak 55 rupiyah (koopman) lan 75
rupiyah (opperkoopman) ing sasasiné.
Blanja sathithik mau tampané nganggo dicowok umpamané kanggo tetanggungan.
Kang mangkono iku njalari para penggawa padha dagang peteng utawa dagang colongan.
Ananging sarèhné dagangan VOC. nalika semana gedhé banget lan bathiné dudu sebaéné dai prakara
klèruné pranatan monopolie apa déné tindaké para punggawa sing ora bener isih samun durung pati
ketara.
Ing kawitané abad kang ping 18 jajahané VOC. akèh banget, apa manèh ana ing Tanah Jawa.
Jajahan lan panguwasané karajan Banten lan Mataram saya kalong kalong.
Betawi, krawang tekan kali Indramayu, Priyangan tekan segara kidul; Semarang lan
wewengkoné (tahun 1677), Cirebon wus ngaub marang VOC.
Tapel watesé jajahan Banten sisih wétan Cisédané. Jajahan VOC. mangétan tekan Cilosari lan Cidhonan (tahun 1705).
Ing tahun 1659 VOC. prajangjian karo Sultan ing Palembang, oleh idin ngedegaké bètèng ing bawahè.Ing tahun 1667 VOC. ngedegaké loji ana ing Padhang.
Sawisé prajurit Walanda mitulungi marang para kawulané ratu Aceh, kang jajahané dhèk mauné
ketug ing Indrapura (Sultan Iskandar Muda), VOC. ora mung katon gedhé panguwasané nanging iya katon sugih.
Kutha Betawi saya suwé saya gedhé lan asri, nganti diarani ”Ratuning kutha ing bumi sisih
wétan”. Dadi ing jaman iku VOC. kaya kaya lagi mumbul mumbule.
Mungguh ing satemené senadyan gelare kuwasa lan sugih banget, VOC. wis mundur, ngalamat arep bobrok.
Kasugihané saya kalong, malah terkadhang tekadhang uga nganti tuna, nanging kejaba para Bewindhebber ora ana kang ngerti, awit digawé wadi banget.
Para Bewindhebber enggoné aweh dividend (anakaning andhil) marang para aandeelhouder isih ajeg akèh.
Dadi saya suwé bandhané VOC. saya suda.
Mungguh karepe para Bewindhebber enggoné ngrendhem wadi mau, supaya VOC. diaaranana isih
sugih lestaria diandel aja nganti kepatèn ubed.
Wasana ing tengahingf abad 18, VOC. wis katandhegan utang 3 yuta.
Kang dadi jalaran sudané kasugihan VOC. warna warana, kayata:
1. Kehing wragad VOC. kanggo peperangn, tansah kapeksa sediya prajurit lan
prau perang akèh.
2, Rehné jajahan saya jembar, punggawa saya mundhak akèh, anjalari undhaking
wragad.
3. kauntungan laku dagang wis ora kaya wis ora kaya dhèk abad kang kepungkur,
awit akèh punggawa VOC. lan wong bumi padha laku dagang peteng utawa
dagang colongan, VOC. enggoné mblanjani punggawané kesethithiken, dadi
punggawané mau kepeksa golèk kauntungan liya sarana dagang peteng.
Déné wong bumi enggoné dagang colongan lelawanan wong Inggris utawa
bangsa manca liyané.
Marga saka malaking VOC. enggoné nindakaké monopolie, wong bumi padha
gelem nerak prajangjiané monopoli.
Rèhné wong bumi wis dadi mlarat marga saka pamering VOC. lan punggawané
karajan Jawa, barang pedagangan saka Europa mung sathirhik payuné.
4 VOC. enggoné dedagangan ana ing Europa kerep tuna banget, marga dijori ing bangsa Inggris
lan Prasman.
Rekané para Bewindhebber enggoné arep nututi kapitunané serana ngencengaké tindaking monopolie
lan nglarangi dagang peteng.
Ewa déné sanadyan dagang peteng iku dilarangi banget kantho ukuman abot, meksa saya ndadra, awit
VOC. ora ngundhaki blanjané punggawané, lan pangulaké barang dedagangan kemurahen.
Ana reka dayané VOC. kang sakawit ndadèkaké kauntunganing VOC, dhéwé lan bangsa bumi, yaqiku
enggoné nganakaké wulu wetu liya, kayata: nila, lawe, secang (kanggo pulas). Kang akèh banget
pametuné yaiku kopi.
GTG. Zwaardekroon ngudi banget marang ajuning tanduran kopi mau (tahun 1718 – 1725).
Wiwit VOC. dagang kopi iku mauné saka rembuge P. van den Broecke, nalika isih ana ing Mokka
(jajahan Arab).
Saya suwé kopi mau ana ing Europa saya payu.
VOC. enggoné kirim kopi weton Mokka menyang Amsterdam ing sataun tauné nganti 300.000
pun.
bareng wong Turki ngengèl engèl wetuning dagangan kopi, VOC. nuli nyoba nandur dhéwé ana
ing Tanah Jawa (tahun 1706).
GG. Zwaardekroon prajangjian lan wong bumi dikon nandur kopi, pametoné saben sadhacin
bakal dituku 15 ringgit.
Wong bumi seneng atiné déné pituwasé mèmper, mulané iya saya maju panggarape, Tanah Jawa
saya akèh pametuné.
Nanging suwéning suwé VOC. saya sawenang wenang, regané kopi didhunaké nganti 1 dhacin
mung diajeni 5 ringgit. Wong bumi banjur suda kamajuwané, wit kopi akèh kang ditegori.
Ing tahun 1721 Paréntah ing Betawi meh baé kabilaen, marga saka panggawéné Pieter Elberfeld, iya
iku sawijining Walanda pranakan Jerman lan Jawa.
Pieter Elberfeld mau duwè sedya arep ngraman jalaran nalika patiné bapakné saperanganing warisané
dadi meiking Paréntah.
Pieter Elberfeld banjur ngirup bala dibantu wong Jawa, aran Kartadriya andhel andhele Untung
Surapati.
Ana bangsa mutihan kang ngojok ngojoki wong sarana andum jimat.
Karepe Pieter Elberfeld sakèhing Walanda bakal ditumpes, dinané ditemtokaké tanggal 1 Januari 1722.
Bareng ndungkap tumekaning wektuné, Paréntah Betawi lagi baé oleh warta. Pieter Elberfeld
sakancané enggal ditukup; sawusé ngaku banjur dipatèni siya siya.
Endhasé Pieter Elberfeld dikethok, ditanjir ana ing regole pekarangané dhéwé, omahè dirombak,
pomahané disangaraké ora kena dienggoni ing wong.
Dhawuhe Paréntah katulis ing watu, tumekané saiki isih tetep mengkono.
Pérangan Kang Kaping Pindho
Bab 11
Panguja ngujané Wong Betawi Marang Cina,
lan Pengramané Wong Cina.
Mas Garendi didadèkaké Ratu Penglawané Paku Buwana II.
Pambelané Mangkubumi lan RM Said
lan Pecahing Nagara.
Perang Banten.
Mas Garendi (wayahè Mangkurat III) utawa
Sunan Kuning, Mangkurat
V. Mangkubumi, Pangéran Mas Said
1637 – 1639 A. Valckenier
1725 – 1729 M. de Haan
1727 – 1749 Paku Buwana II
1743 -1750 G. van Imhoff
1749 – 1788 Paku Buwana III
1750 – 1761 J. Mossel
1755 Hamengku Buwana I
1757 Mangku Nagara
Ing wiwitané abad kang kaping 18 Betawi akèh banget Cinané.
Ora antara suwé wong Cina mau akèh sing angguran; ing kutha Betai lan wewengkoné kerep ana
rerusuh.
Ing saadegé Betawi akèh wong Cina kang diboyongi saka Bnten menyang Betawi kanggo
ngrejakaké kutha, awit wong Cina mau sregep lan pinter gegawéyan.
Sesanggané dientengaké, supaya Cina liyané padha kepengin gelem manggon ing kono.
Wasana ing wiwitané abad 18 duga duga ing sajroning kutha baé ana jiwa Cina 60.000 lan ing
wewengkon Betawi 40.000.
Déné kang dadi pangupa jiwané, nenukang, adol gula, teh, nganti akèh kang bisa dadi sugih.
Ewa déné suwé suwé ing Betawi saya akèh Cina kang ora duwè panggaotan, gawéné mung
ngemis, malah ora sethithik kang gelem nindakaké kadurjanan.
Kang ndadèkaké ora trimané wong Cina iya iku:
1. Dhawuhe GG. van Swol (tahun 1713 – 1718) bab reganing teh Cina.
Tekané Cina saka ing negarané padha numpang prau kang momot teh didol marang
VOC.
Bareng para Bewindhebber rumangsa ora pati akèh kauntungané enggoné dagang teh,
GG. mau banjur namtokaké yèn teh weton negara Cina, kang mauné diajeni 60 rupiyah
ing sadhaciné, ing sabanjure bakal diregani 40 rupiyah.
Temahan nuli ora ana prau momot teh teka ing Betawi.Saka pangudining GG.
Zwaardekroon wiwit ing tahun 1722 ana prau momot teh manèh teka ing Betawi.
2. Ing tahun 1706 wis ana angger nglarangi wong Cina teka ing Betawi tanpa panggaotan.
Wiwit tahun 1722 Paréntah dhawuh nggawa Cina kang tanpa panggaotan, menyang
Ceylon, Bandha utawa Kaap de Goede Hoop.
Mung kang duwè layang pratandha idining Prentah, kena lestari manggon ing Tanah
Jawa.
Ewa déné ing Betawi ing Betawi ora entek entek Cinané kang angguran sarta gawé
rerusuh.
Wusana ing tahun 1740 GG. Valckenier nemtokaké putusan: sakèhing Cina kang sakira nyumelangi,
senadyan duwè layang pratandha, kudu dicekel kalebokaké ing kunjaran, perlu katiti priksa.
Cina mau yèn ora duwè panggaotan kudu digawa menyang Ceylon, diwènèhi pagawéyan nggarap
kebon manis jangan.
Para punggawa kang nindakaké dhawuh mau, pada golèk kasil, senadyan Cina sugih padha diancam
arep dikirimaké menyang Ceylon, supaya metu beselé.
Wekasan dikabarkaké yèn kareping Paréntah nedya numpes Cina kabèh.
Cina padha muring kamoran wedi, akèh kang lunga saka kutha, klambrangan gawé rerusuh malah
nganti wani nempuh kutha.
Wong Walanda saya giris bareng krungu warta yèn kraman sajabaning kutha sekaitan karo kang ana
ing jeron kutha, pratandhané déné padha tandho gegaman lan nyingkiraké anak bojoné; besuk yèn ana
omah kobong Cina jaban kutha lan jeron kutha bakal bebarengan nempuh.
Dumadakan sawijining dina ana omah kobong temenan.
Bangsaning Walanda arahan dibantu para matrus sarta saradadu apa déné wong Jawa lan batur tukon
banjur padha tumandang ngiras males ukum marang pangrusaké Cina.
Genining omah kang kobong diubal ubal, sakèhing Cina kang ora bisa oncat padha dipatèni, barang
darbeke dijarah rayah.
Nganti saminggu suwéné mung mangkomo baé kaanané.
Omah kang kobong ana 600, Cina kang dipatèni kira kira 10.000.
Nguninani pangrusak kang ngegirisi iku, Prentah ing Betawi kèndêl baé.
Para prajurit mèlu gawé rusuh ora dilarangi.
Malah nalika lagi ana èraèru iku GG. Valckenier dhawuh matèni sakèhing Cina kang ana ing
pakunjaran.
Ing satentreming kutha Paréntah ngondhangaké pangapura marang Cina, kang gelem masrahaké
gegaman.
Akeh kang gelem manut, nuli diwènèhi panggonan ing jaban kutha dadi sakampung.
Cina kang padha oncat saka Betawi lan Cina ing liya panggonan, ngumpul dadi baris gedhé, ngepung
kutha Semarang.
Sunan Paku Buwana II mbiyantu marang Cina, awit digalih Cina bakal bisa nglungaké Walanda, lan
banjur dhawuh nempuh bètèng Walanda ing Kartasura.
Para opsir ana ing kono padha dipatèni, saradadhuné dipeksa manjing Islam.
Ing sawusé wong Walanda ing Semarang oleh bantu saka Betawi, wong Cina keplayu.
Wong Madura uga mbiyantu marang VOC. Dhek samana Sunan Mataram sumelang yèn bakal tampa
piwalesé VOC. mulané enggal enggoné minta pangaksama.
Para priyagung Jawa kang sengit marang Walanda lestari mbiyantu Cina, dadi mungsuh ratuné dhéwé.
Kartasura ditempuh, Paku Buwana II kèngsêr. Banjur Mas Garendi, wayahè Sunan Mas
kajumenengaké ratu, ajejuluk Mangkurat V, nanging katekahè sinebut Sunan Kuning.
Paréntah Betawi nuli nglakokaké bala menyang Kartasura.
kabeneran kraman Jawa ecrah lan kraman Cina, dadi gampang enggoné nungkulaké.
Mas Garendi dibuwang. Kratoné Paku Buwana II banjur dielih menyang désa Sala, kang nuli
dijenengaké Surakarta Adiningrat.
Pulo Madura lan Tanah Jawa pasis Bareng Cakraningrat ing Madura tampa dhawuh yèn negarané dipasrahaké marang VOC.,
banget ing pambangkangé, malah ngejègi tanah Madura sisih kulon, lan tlatah tlatah ing Tanah
Jawa Wétan.
Temahan diperangi ing VOC.
Ora lawas Cakraningrat kecekel, dibuwang menyang Kaap de Goede Hoop.
Putrané diangkat bupati déning VOC. ngerèh Madura kang kulon.
Tanah wewengkoning Betawi nalika ana kraman banget karusakan.
Dhek samana kang jumeneng Gouverneur Generaal Baron Van Imhogg (tahun 1743 – 1750) iya iku
priyagung kang sregep lan cakep ing gawé.
Saka pangudiné Van Imhoff tanahè bisa reja manèh.
Nalika tahun 1744 Van Imhoff pepriksa menyang wewengkoning Betawi nganti ketug
pagunungan.
Sawusing papriksa, kersané GG. Van Imhoff, tanah tanah kang bera arep diséwakaké utawa
digadhèkaké, kareben metu kasile.
Wong kang nggadhe utawa nyewa tanah bakal oleh wewenang sarta pangayoman saka Paréntah,
nanging wulu wetuné kudu didol marang VOC., regané ditemtokaké ing Paréntah.
Van Imhoff dhéwé nuladhani, mbobak tanah ing sukuné gunung Salak, sarta ing kono ngedhékaké
pasanggrahan dijenengi Buitenzorg (tahun 1744).
Para Bewindhebber nuli aweh lulusan yèn Buitenzorg katetepaké dadi pasanggrahané para
Gouverneur Genaraal.
Kajaba saka iku Van Imhoff nekakaké wong saka nagara Walanda kang pancèn baku tani. Banjur
pranatan kang ndadèkaké kapitunané wong Jawa disuwak, yaiku yèn pametuné kebon kopi
kakéyan, kebon mau dibabadi amrih undhaking regané kopi.
Tindak mangkono iku dilarangi, nuli GG. Van Imhoff nemtokaké keh sathithiking kopi kang dadi
ladèn marang VOC.
Van Imhoff sawisé njajah Tanah Jawa Tengah sarta Wétan, nuli ngarang layang palapuran kang
maedahi banget ingatasé Paréntah.
Ing ngisor iki kacarita bab perang lan reribede VOC. sarta Mataram kang marga saka kurang
wewekané tindaké Van Imhoff.
Nalika GG. Van Imhoff ana ing Surakarta ing wektu samono Pangéran Mangkubumi lagi seserikan
karo kang raka Kangjeng Sunan.
Saka kersané Van Imhoff arep ngélingaké marang Sang Pangéran nganti kewetu serengé ana ing
pasamuan, andadèkaké banget serike Pangéran Mangkubumi, awit rumangsa bener, kok malah
disrengeni.
Ing saundure saka pasamuan Sang Pangéran trus lolos saka nagara, ngimpun bala sarta banjur
gandheng karo Radèn Mas Said, kang ing wektu iku wis madeg kraman uga.
Priyagung sakaroné wis sekutu ngaraman marang Sunan PakuBuwana II.
Ing tahun 1749 kraman durung kena disirep, banjur Kangjeng Sunan séda, iku saya andadèkaké
kisruhing nagara.
nalika Paku Buwana II isih gerah, Van Hogendorp, Gouverneur ing pasisir lor, ditimbali, dingendikani
bab oreging nagara.
Dadining rembug karajan Surakarta dipasrahaké babar pisan marang VOC.
Dadi ing satemené wiwit tahun 1749 para ratu Jawa wis ora kagungan bumi.
Sanadyan saka karsané kang rama Pangéran Adipati Anom wis ora duwè wenang marang karajan
Surakarta, nanging Sang Pangéran meksa kajumenengaké nata déning Van Hogendorp, mung baé
enggoné jumeneng mengku nagara dumunung anggadhuh.ir lor banjur dipasrahaké marang VOC.
Surasané prajangjian ing tahun 1743 mangkéné: Sunan Paku Buwana ngakèni yèn enggoné
lestari ngrenggani kaprabon iku mung saka kawelasané VOC.
Para priyagung ing Surakarta akèh kang mrekitik atiné bareng ngerti yèn tanah Surakarta dadi
darbeking VOC., banjur padha mbalik ngiloni Pangéran Mangkubumi.
Sadurungé Pangéran Adipati Anom jumeneng Paku Buwana III, Mangkubumi wis ngaku jumeneng
ratu ing Banaran.
Sarèhné Pangéran Mangkubumi kumpul lan RM. Said, dadi santosa banget, nganti bisa ngelun luwih
saparoné Mataram.
Paku Buwana III ora kagungan wragad sarta prajurit ora bisa lumawan perang, dadi anané mung
mangsa bodhoa marang VOC.
Perangé kraman lan Compagnie genti unggul genti kasoran, wusana ing tahun 1751 Pangéran
Mangkubumi bisa ngalahaké Compagnie ing sacedhaké kali Bagawanta.
De Clerq sénapatining prajurit, mati.
Sabakdané iku Sang Pangéran ngalakokaké bala mengalor nelukaké Pekalongan malah meh nglojok
jajajhan Compagnie.
Paréntah ing Betawi sumelang banget, nuli nyantosani prajurit, wasana Mangkubumi kepeksa mundur,
mubet ing wewengkoné Mataram manèh.
Ora antara lawas Pangéran Mangkubumi ecrah lan RM. Said nganti padha peperangan dhéwéhan, awit
RM Said duwè pamelik arep jumneneng Sunan dhéwé.
Prakara iku ndadèkaké kamayarané VOC. ewa déné Paréntah iya meksa rada wegah; utawa
manèh sarèhné ngeman rusaking nagara lan wong cilik, mulané GG. Mossel rujuk lan karepe
Van Hogendorp, para panggedhéning kraman arep dirukun baé, dicuwilaké tanah Mataram.
Ing tahun 1754 GG. Mossel tindak menyang Semarang katemu lan Kangjeng Sunan, perlu
rembugan enggoné arep mérang karajan Mataram.
Paku Buwana manut baé, awit ora ana kang diendelaké.
Kelakon Van Hogendorp bisa rembugan lan priyagung sakaroné ing kraman, nanging ora kedadeyan.
Kang gumanti Gouveurneur Harting iku bisa angon mangsa.
Sarèhné Mangkubumi lan RM. Said tansah memungsuhan, mangka RM. Said kegedhén panjaluk,
mulané tumrape Harting gampang baé enggoné bedhami karo Mangkubumi.
Ing tahun 1755 Sang Pangéran Mangkubumi bedhami lan Compagnie sarta Kangjeng Sunan ing
Giyanti.
Putusing bedhami Sang Panéran kajumenengaké ratu ngerèh saparoning karajan Mataram, nanging
kudu netepi prajangjian kuwajibané marang Compagnie.
Sang Pangéran Mangkubumi banjur jumeneng ratu akadaton ing Ngayogyakarta Adiningrat jejuluk
Sultan Hamengku Buwana I, Sénapati Ing Ngalaga Abdulrahman Sayidin Panatagama Kalipattulah.
Wiyosané malem Rebo Pon kaping 27 Ruwah windu Sengara tahun 1641 sinangkalan ”Janma
Karya Wayanging Rat” utawa kaping lima malem 6 Agustus 1717.
mungguh luhuring panggalihané Sang Prabu dicritakaké ing layang Rajaputra, mengkéné : ”
Brataning galih sang nata, tansah olah jayeng jurit, atiti prana niskara, sura mbeg putus
mikatsih, muja suraning dasih, pinrih samya gregetipun, sura asmarêng laga, memthèk kang wus
wiradi, sinakyun dinadar boga busana.
Sinuksma gung bala tantra, panglembanira ngenting, kongas ing prabawa nata, murba
prabaning memanis, mawenes ing prajasri, asri rasning rum arum, sumiram wartèng wadya,
warata esthining dasih, srah susetya rena lir manggih suwrga.
Warga gung gambira samya, sumyak tejaning nayadi, adining kawirotaman, tumamèng karya
narpati, kétang sihnya Sang aji, lumrah kang bala wadyagung, galaking para muka, tanah ing liyan nagari, myang ing manca kekes samya mèstu déya”.
Ing layang Rajaputra kono uga nyebutaké kresanané Sang Prabu: dahar sega pulen wangi,
jangan loncom tanpa santen, bubuk dhelé lan tempe gedhé ginoreng.
Kang minangka dhaharan (panganan): ketan entèn entèn, lemper iwak pitik, ketan kolak gedhang
raja.
Dadi mung sarwa gampang, tur murah lan mirasa.
Tanah wewengkoné praja Kasultanan dhèk semana ora dadi siji kaya saiki, jalaran lemah lenggahè ing
Surakarta lan Ngayogyakarta padha pating plencat lan ora silah.
Wewengkoning karajan karo karoné kena kabedakaké dadi telung warna:
1. Negara yaiku kutha karajan;
2. Negara Gung, tanah sakiwa tengené negara, lan
3. Manca negara.
Kanggo lumrah lemah lungguhe para punggawa iku ana ing negara gung, ana siji loro kang ana ing
manca negara.
Tanah manca negara mau dipenggedhéni bupati kang banjur kena sanggan pajeg pabandaran
(strandgelden), tanah Kejawan mung kari:
I. Kutha Surakarta lan Ngayogyakarta
II. Negara gung iya iku:
1. Mataram = Ngayogyakarta,
2. Pajang = Surakarta sisih kidul kulon,
3. Sukawati = Surakarta sisih lor wétan,
4. Bagelen,
5. Kedhu,
6. Bumi Gedhe = Surakarta sisih lor kulon, lan
III. Manca Negara, yaiku Banyumas, Mediyun, Kedhiri, Japan = Surabaya sisih kidul kulon, Jipang =
Rembang sisih kidul wétan, Grobogan lan tanah cilik cilik liya sawatara.
Murih dhamangé ing buku Klepu, panggawéné ana ing désa Klepu dhèk tanggal 26 September 1757.
nanging buku iku ilang, mulané banjur ndadak gawé manèh ana ing Semarang ( 2 Nopember 1773).
Kamot ing layang kang dijenengaké ”Semarangsche Legger”.
Sajroning paprentahané Sultan Swarga, Ngayogyakarta dadi karta raharja, nganti karusakané nalika
paprangan wis pulih ora ana labete.
Tumekaning séda, Sinuwun Hamengku Buwana I lestari becik karo Kompeni.
Bangsa Jawa ngluhuraké banget karo panjenengané lan ngalem marang kasetyan lan kasudirané,
nanging marga sugengé iku kerep ngrekaos, banjur rada nemahi watek brangasan sethithik.
Kerep banget pradondi prakara wates karo karaton Surakarta.
Déné lereme marga ananing wates anyar ing tahun 1773.
Tangkebe karo Pangéran Mangkunegara, yaiku putrané mantu, rada kurang becik.
Luwih luwih wiwit tahun 1763 saploke Kangjeng Sultan mindhokaké putrané (Kangjeng Ratu
Bendara) karo Kangjeng Pangéran, banjur kerep banget padha ejèg ingejègan rebutan bawah nganti
angèl pisah pisahané, marga prakara enggoné padha pasrahan punggawa kang padha aliyan bendara,
banjur padha perang manèh.
Kejaba iku Pangéran Mangku Negara ora saged ngapura marang Sultan Hamengku Buwana I, marga
garwané dipundhut bali mau.
Déné kangjeng Sultan ndakwa, yèn Pangéran Mangku Negara gawé rusuh ana ing bawah Kasultanan.
Kangjeng Susuhunan ing Surakarta ngéloni Pangéran Mangku Negara.
Perangé iku nganti tekan tahun 1777. Wiwit tahun iku tangkepe Sultan Swarga marang Kangjeng
Sunan lan Panéran Mangku Negara katon becik.
Kacarita RM. Said isih mbajuraké perangé, nanging suwé suwé ora bisa lawan, awit dibut prajurit
VOC. lan balané Sultan Hamengku Buwana.
Bareng kapepet ing tahun 1757 gelem bedhami ana ing Salatiga; putusané RM. Said kacuwilaké
karajan Surakarta, kajumenengaké Pangéran Adipati, jejuluk Mangku Negara, ngerèh tanah Keduwang
lan Wanagiri, nanging iya nganggo prajanji mbangun mituru VOC.
nalika VOC. lagi nengah nengahi perang lan kraman Surakarta, yaiku tahun 1750, ing Banten ana
kraman uga; mungguh kang dadi jalarané mangkéné: Wiwit ing tahun 1733 kang jumeneng ing Banten
Zeinul Arifin.
Iku pangalihané ora kukuh, nganti kena kena diepak ing garwané trah Arab, asma Sarifah Fatimah.
karepe Fatimah arep makolehaké kaponakané asma Sarif Abdullah, kang wus kapundhut mantu sarta
kaangkat Pangéran déning Sultan Zeinul Arifin.
Nadyan katemtokaké sarembug lan Compagnie, yèn kawenangaké gumanti jumeneng ratu, putrané
Kangjeng Sultan kang wus kaangkat Pangéran Gusti, ewa déné Sarifah Fatimah or gumingsir.
Saka pangojok ojok lan wewadule Fatimah, Sultan ing Banten nganti kalimput, duwè panjaluk marang
Van Imhoff supaya Sarif Abdullah kenaa kajumenengaké Adipati Anom, déné Pangéran Gusti bakal
kalorot.
bareng Pangéran Gusti krungu pawarta kang mengkono iku, engal enggal nyuwun pangéyuban
menyang Betawi.
Saking pintere Fatimah lan sumelangé VOC. bok menawa bakal kepeksa perangan manèh yèn ora
nurutana karsané Sultan Banten lan Fatimah, murih katentremaning nagara Sang Pangéran Gusti
disingkiraké menyang Ceylon.
Let satahun Sultan Banten kaya kaya gerah èngetan klenjit klenjit arep owah, Sarifah Fatimah age age
njaluk lèrèhé marang Van Imhoff.
GG. Van Imhoff mituruti, Sultan Banten malah dibuwang menyang Ambon, ora lawas séda ana ing
kono, nanging Compagnie bakal ngayomi.
Sakéndhangé Sultan ing Banten, kang ngerèh negara Fatimah kabantu ing Sarif Abdullah.
Sarèhné pangrehe sawenang wenang, tur wong Banten kang dipanggedhéni Ki Tapa lan Ratu Bagus,
emoh diratoni ing priyagung kang dudu darah Banten, dadi ora suwé banjur ana kraman.
Compagnie tetulung nguruni prajurit, nanging kalah, awit kraman pancèn santosa.
nalika nedheng nedhengé geger gegeran ing Banten iku GG. Van Imhoff séda.
Saka pamanggihe GG. Mossel, Sarifah Fatimah utawa Sarif Abdullah pancèn ora nduwèni wajib
jumeneng ratu, mulané Pangéran Gusti bakal dikonduraké dibiyantu VOC. bisané jumeneng Sultan.
Ing tahun 1750 Fatimah lan Sarif Abdullah kecekel kabèh sarta banjur dikéndhang.
Pangéran Arya Adi Santika, kang rayi Sultan Zeinul Arifin katetepaké dadi Sultan, ajejuluk: Abdul
Maali Mohamad Wasiul Halimin, nanging nalika jumeneng iku nganggo prajangjian yèn anggoné
jumeneng mung nggadhuh, malah tanah Lampung banjur dadi darbeking VOC.
Prakara iku isih ndadèkaké kraman manèh: Ki Tapa lan sagolongané wong Banten, kang ora gelem
rujuk lan wong Walanda, ora tarima.
Pangéran Bagus Buang diangkat jumeneng ratu, merangi Arya Adi Santika, Pangéran Gusti lan VOC.,
nanging suwé suwé Ki Tapa kalah.
Ing tahun 1753 ing Banten wis tentrem. Pangéran Arya Adi Santika sèlèh keprabon marang Pangéran
Gusti kang banjur ajejuluk Abu’n Natsar Mohamad Arif Zeinul Acekin.
Ratu anyar iku nalika jumenengé iya nganggo nganyaraké prajanji kaya déné prajanjine Sultan Adi
Santika lan VOC.
kalajengaken wonten ing carios Babad Tanah Djawi (part:4)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan anda berkomentar, namun tetap jaga kesopanan dengan tidak melakukan komentar spam...!!!