Babad Tanah Djawi
Gubahanipun
L. VAN RIJCKEVORSEL
Directeur Normaalschool Muntilan
Kabantu
R.D.S. HADIWIDJANA
Guru Kweekschool Muntilan
Pangecapan J.B. Wolters U.M.
Groningen – Den Haag – Weltervreden – 1925
Pérangan Kang Kapisan
Babad Jawa Wiwit Jaman Indhu tumekané
Rusaking Karajan Majapahit
Abad 2 utawa 3 – Abad 16
Pérangan Kang Kapisan
Bab 1
Karajan Indhu ing Tanah Jawa Kulon
(wiwit abad 2 utawa 3)
Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani
karajan ”Tarumanagara” (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum).
Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan.
Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu
patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.
Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi
Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi.
Ing Cathetané ana kang nerangaké mangkéné :
1. Ing kono akèh wong ora duwè agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal
agama karo dhèwèkné: Budha.
2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané.
3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing dedagangan, ana
kang mung lelungan, karepe arep padha menyang Canton.
Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati
Tanah Jawa.
Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung
menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning
dedagangan.
Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. Wong
Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem
mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwè akal niru kapinterané wong Indhu. Ewa déné
meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit.
Pérangan Kang Kapisan
Bab 2
Karajan Indhu ing Jawa Tengah
(abad kaping 6)
Mirit saka:
1. Cathetané bangsa Cina
2. Unining tulisan tulisan kang ana ing watu watu lan candhi
3. Cathetané sawijining wong Arab, wis bisa kasumurupan sathithik sathithik
mungguh kaananing wong Indhu ana ing Tanah Jawa Tengah dhèk jaman
samono.
Nalika wiwitané abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon.
Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa
Tengah.
Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi
nenéka mau; mulané banjur dadi sor-sorané.
Wong Indhu banjur ngadegaké karajan ing Jepara.
Omah omah padunungané wong Jawa, ya wis mèmper karo omah omahè wong jaman saiki, apayon
atep utawa eduk lan wis nganggo képang.
Enggoné dedagangan lelawanan karo wong Cina; barang dedagangané kayata: emas, salaka, gading lan
liya liyané.
Cina cina ngarani nagara iku Kalinga, besuké, ya diarani: Jawa.
Karajan mau saya suwé saya gedhé, malah nganti mbawahaké karajan cilik cilik 28 (wolu likur).
Wong Cina uga nyebutaké asmané sawijining ratu putri: Sima; dikandakaké becik banget enggoné
nyekel pangrèhing praja (tahun 674).
Tulisaning watu kang ana ciriné tahun 732, dadi kang tuwa dhéwé, katemu ana sacedhaké Magelang,
nyebutaké, manawa ana ratu kang jumeneng, jejuluk Prabu Sannaha, karajané gedhé, kang klebu
jajahané yaiku tanah tanah Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta lan bokmenawa Tanah Jawa Wétan uga
klebu dadi wewengkoné karajan iku.
Mirit caritané, karajan kang kasebut iku tata tentrem banget kaya kang kasebut ing tulisan kang
katemu ana ing patilasan: Nadyan wong wong padha turu ana ing dalan dalan, ora sumelang,
yèn ana begal utawa bebaya liyané.
Mirit kandhané sawijining wong Arab, dhèk tengah tengahané abad kang kaping sanga, ratu ing
Tanah Jawa wis mbawahaké tanh Kedah ing Malaka (pamelikan timah).
Karajan ing dhuwur iki sakawit ora kawruhan jenengé, nanging banjur ana karangan kang katulis ing
watu kang titi mangsané tahun 919, nyebutaké karajan Jawa ing Mataram.
Jembar jajahané, mungguha saiki tekan Kedhu, Ngayogyakarta, Surakarta; mangloré tekan sagara;
mangétané tekan tanah tanah ing Tanah Jawa Wétan sawatara.
Kuthané karan : Mendhangkamulan.
Wong Arab ngandhakaké, ana ratu Jawa mbedhah karajan Khamer (Indhu Buri).
Sing kasebut iki ayaké iya karajan Mataram mau. Kajaba Khamer, karajan Jawa iya wis
mbawahaké pulo pulo akèh. Pulo pulo iku mawa gunung geni.
Karajan Jawa mau sugih emas lan bumbu crakèn. Wong Arab iya akèh kang lelawanan
dedagangan.
Sabakdané tahun 928 ora ana katrangan apa apa ing bab kaanané karajan Mataram.
Kang kacarita banjur ing Tanah Jawa Wétan. Ayaké baé karajan Mataram mau rusak déning
panjebluge gunung Merapi (Merbabu), déné wongé kang akèh padha ngungsi mangétan.
Ing abad 17 karajan Mataram banjur madeg manèh, gedhé lan panguwasané irib iriban karo karajan
Mataram kuna.
Agamané wong Indhu sing padha ngejawa rupa rupa. Ana ing tanah wutah getihe dhéwé ing
kunané wong Indhu ngèdhep marang Brahma, Wisnu lan Syiwah, iya iku kang kaaranan
Trimurti.
Kejaba saka iku uga nembah marang dewa akèh liya liyané, kayata: Ganésya, putrané Bethari
Durga.
Manut piwulangé agama Indhu pamérangé manungsa dadi patang golongan, yaiku:
- para Brahmana(bangsa pandhita)
- para Satriya(bangsa luhur)
- para Wesya(bangsa kriya)
- para Syudra(bangsa wong cilik)
Piwulangé agama lan padatané wong Indhu kaemot ing layang kang misuwur, jenengé Wedha.
Kira kira 500 tahun sadurungé wiwitané tahun Kristen, ing tanah Indhu ana sawijining darah
luhur peparab Syakya Muni, Gautama utawa Budha.
Mungguh piwulangé gèsèh banget karo agamané wong Indhu mau.
Resi Budha ninggal marang kadonyan, asesirik lan mulang muruk marang wong.
Kajaba ora nembah dewa dewa, piwulangé: sarèhné wong iku mungguhing kamanungsané padha
baé, dadiné ora kena dipérang patang golongan.
Para Brahmana Indhu mesthi baé ora seneng pikire, mulané kerep ana pasulayan gedhé.
Ana ing tanah Indhu wong Budha mau banjur peperangan karo wong agama Indhu.
Wusana bangsa Budha kalah lan banjur ngili menyang Ceylon sisih kidul, Indu Buri, Thibet,
Cina, Jepang.
Mungguh wong agam Indhu iku pangèdêpé ora padha. Ana sing banget olehe memundhi marang
Syiwah yaiku para Syiwaiet (ing Tanah Jawa Tengah); ana sing banget pangèdêpé marang
Wisynu, yaiku para Wisynuiet (ing Tanah Jawa Kulon).
Kajaba saka iku uga akèh wong agama Budha, nanging ana ing Tanah Jawa agama agama iku
bisa rukun, malah sok dicampur baé.
Petilasané agama Indhu mau saikiné akèh banget, kayata:
- Candhi candhi ing plato Dieng (Syiwah), iku bokmenawa yasané ratu darah
Sanjaya.
- Candhi ing Kalasan ana titi mangsané tahun 778, ayaké iki candhi tuwa dhéwé
(Budha), yasané ratu darah Syailendra.
- Candhi Budha kang misuwur dhéwé, yaiku Barabudhur lan Mendut.
- Candhi Prambanan (Syiwah). Ing sacedhaké Prambanan ana candhi campuran
Budha lan Syiwah.
Pérangan Kang Kapisan
Bab 3
Karajan Ing Tanah Jawa Wétan
(wiwitané abad 10 – tahun 1220)
Ing dhuwur wus kasebutaké yèn Tanah Jawa Wétan, kabawah karajan Indhu ing Mataram; nanging
wong Indhu kang manggon ana ing Tanah Jawa Wétan ora pati akèh, yèn katimbang karo kang
manggon ing Tanah Jawa Tengah (Kedhu).
Marga saka iku wong Indhu kudu kumpul karo wong bumi, prasasat tunggal dadi sabangsa.
Ing wiwitané abad 10 ana pepatihing karajan Tanah Jawa Tengah aran Empu Sindhok lolos mangétan.
Let sawatara tahun empu Sindhok mau jumeneng ratu ing Tanah Jawa Wétan, karajané ing Kauripan
(Paresidhènan Surabaya sisih kidul).
Ambawahaké: Surabaya, Pasuruwan, Kedhiri, Bali bok manawa iya kabawah.
Enggoné jumeneng ratu tekan tahun 944 lan iya jejuluk Nata ing Mataram.
Nata ing Mataram mau banget pangèdêpé marang agama Budha.
Empu Sindhok misuwur wasis enggoné ngerèh praja. Ana cathetan kang muni mangkéné: ”Awit
saka suwéning enggoné jumeneng ratu, marcapada katon tentrem; wulu wetuning bumi nganti
turah turah ora karuhan kèhé.”
Ing tahun 1010 Erlangga tetep jumeneng ratu, banjur nerusaké enggoné mangun paprangan lan ngelar
jajahan.
Ing tahun 1037 enggoné paprangan wis rampung, negara reja, para kawula padha tentrem. Déné
karatoné iya ana ing Kauripan.
Sang Prabu Erlangga ora kesupèn marang kabecikaning para pandhita lan para tapa, kang
gedhé pitulungané nalika panjenengané lagi kasrakat.
Minangka pamalesing kabecikané para pandhita, Sang Nata yasa pasraman apik banget,
dumunung ing sikile gunung Penanggungan.
Pasraman mau kinubeng ing patamanan kang luwih déning asri, lan rerenggané sarwa peni
sarta endah. Saka ediné, nganti misuwur ing manca praja, saben dina aselur wong kang padha
sujarah mrono.
Pangadilané Sang Nata jejeg. Wong désa kang nrajang angger angger nagara padha kapatrapan
paukuman utawa didhendha.
Kècu, maling, sapanunggalané kapatrapan ukum pati.
Sang Prabu enggoné nindakaké paprentahan dibantu ing priyagung 4, padha oleh asil saka pametuning
lemah lenggahè.
Saka enggoné manggalih marang tetanén yaiku pagawéyaning kawula kang akèh, Sang Nata yasa
bendungan gedhé ana ing kali Brantas.
Sang Nata uga menggalih banget marang panggaotan lan dedagangan.
Kutha Tuban nalika samono panggonan sudagar, oleh biyantu akèh banget saka Sang Prabu murih
majuning dedagangan lan lelayaran.
Sang Nata yèn sinéwaka lenggah dhampar (palenggahan cendhèk pesagi), ngagem agem ageman
sarwa sutra, remané diukel lan ngagem cênéla.
Yèn miyos nitih dwipangga utawa rata, diarak prajurit 700.
Punggawa lan kawula kang kapethuk tindaké Sang Nata banjur padha sumungkem ing lemah
(ndhodhok ngapurancang?).
Para kawula padha ngoré rambut, enggoné bebedan tekan ing wates dhadha.
Omahè kalebu asri, nganggo payon gendhèng kuning utawa abang.
Wong lara padha ora tetamba mung nyuwun pitulunganing para dewa baé, utawa marang
Budha.
Wong wong padha seneng praon lan lelungan turut gunung, akèh kang nunggang tandhu utawa
joli.
Dhek samono wong wong iya wis padha bisa njoget, gamelané suling, kendhang lan gambang.
Karasané Sang Prabu besuk ing sapengkeré kang gumanti jumeneng Nata putrané loro pisan, mulané
kratoné banjur diparo: Jenggala (sabageyaning: Surabaya sarta Pasuruwan) lan Kedhiri.
Déné kang minangka watese: pager témbok kang sinebut ”Pinggir Raksa”, wiwit saka puncaking
Gunung Kawi, mangisor, nurut kali Leksa banjur urut ing brangloré kali Brantas saka wétan mangulon
tekan ing désa kang saiki aran ”Juga”, nuli munggah mangidul, terusé kira kira nganti tumeka ing
pasisir.
Gugur gugurané tembok iku saiki isih ana tilasé, kayata ing sacedhaking kali Leksa, sakulon lan
sakiduling kali Brantas, ing watesing afd. Malang lan Blitar.
Mungguhing babad Jawa jumenengé Parbu Erlangga kaanggep minangka pepadhang sadjroning
pepeteng, awit rada akèh caritané kang kasumurupan.
Kawruh kasusastran wis dhuwur. Layang layangé ing jaman iku tekané ing jaman saiki isih
misuwur becik lan dadi teturutaning crita crita wayang.
Layang layang mau basané diarani: Jawa Kuna, kayata:
1. Layang Mahabarata
2. Layang Ramayana lan Arjuna Wiwaha.
Karajan Jenggala ora lestari gedhé, awit pecah pecah dadi karajan cilik cilik, marga saka diwaris
marang putraning Nata; yaiku parja Jenggala (Jenggala anyar); Tumapel utawa Singasari lan Urawan.
Karajan cilik cilik kang cedhak wates Kedhiri or suwé banjur ngumpul mèlu Kedhiri, liyané isih terus
madeg dhéwé ngan tekan abad 13.
Kerajan Kedhiri (Daha, Panjalu) mungguha saiki mbawahaké paresidhènan Kedhiri, saperangané
Pasuruwan lan Madiyun.
Kuthané ana ing kutha Kedhiri saiki. Karajan mau bisa dadi kuncara.
Ing wektu iku kasusastran Jawa dhuwur banget, nalika jamané Jayabaya (abad 12) ngluwihi kang uwis
uwis lan tumekané jaman saiki isih sinebut luhur, durung ana kang madhani.
Ing tahun 1104 ing kedhaton ana pujangga jenengé: Triguna utawa Managocna.
Pujangga iku sing nganggit layang Sumanasantaka lan Kresnayana.
Radèn putra utawa Panji kang kacarita ing dongèng kae, bokmenawa iya ratu ing Daha, kang
jejuluk Prabu Kamesywara I. Jumeneng ana wiwitané abad kang kaping 12. Garwané kekasih
ratu Kirana (Candra Kirana) putrané ratu Jenggala.
Ing mangsa iki ana pujangga jenengé Empu Dharmaja nganggit layang Smaradhana. Radèn
Panji nganti saiki tansah kacarita ana lakoné wayang gedhog lan wayang topeng.
Pujanggané Jayabaya aran Empu Sedah lan Empu Panuluh.
Empu Sedah ing tahun Saka 1079 (= 1157) methik sapéranganing layang Mahabarata, dianggit lan
didhapur cara Jawa, dijenengaké layang Bharata Yudha.
Wong Jawa ing wektu iku wis pinter, wong Indhu kesilep, karajan Indhu wis dadi karajan Jawa.
Pérangan Kang Kapisan
Bab 4
Ken Angrok Nelukaké Karajan Karajan Cilik
(1220 – 1247)
Ing tahun 1222 ana ratu ing Tumapel utawa Singasari, jenengé Ken Angrok.
Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemuné layang iki ana ing Bali dhèk tahun 1891.
Ken Angrok lair ana ing sacedhaké Tumapel (Singasari), asal wong tani lumrah baé.
Ken Angrok kacarita bagus rupané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme
marang pangaji aji lan wani marang penggawé luput.
Ing sawijining dina ana Brahmana ketemu karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnu.
Anggoné kandha mangkono iku, awit Brahmana mau ngerti yèn Ken Angrok iku wong kang
gedhé karepe lan kenceng budiné.
Brahmana banjur golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Tunggul
Ametung.
Ora antara suwé kelakon Ken Angrok kaabdekaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok banjur
tansah golèk dalan kapriye enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni jumeneng.
Ketemuning nalar Ken Angrok banjur ndandakaké keris becik marang Empu Gandring.
Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboijo kepencut
kepingin nganggo, banjur nembung nyilih: oleh.
Saka senengé, keris mau saben dina dianggo sarta dipamer pameraké, dikandhakaké duwèké
dhéwé.
Bareng wis sawatara dina Ken Angrok banjur nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané
mau dianggo nyidra Sang Adipati.
Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. Urusaning prakara: mitrané Ken Angrok sing
kena ing dakwa, diputus ukum pati.
Ken Angrok banjur bisa oleh Sang putri randaning Tunggul Ametung lan gumanti madeg adipati:
Sang Putri asmané Ken Dhedhes.
Sasuwéné dicekel Ken Angrok negarané tata, reja, wong cilik banget sungkeme.
Sawisé mbedhah karajan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok banjur emoh kebawah Kedhiri, malah
ing tahun 1222 mbedhah praja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratu ing Kedhiri Prabu Kertajaya séda
nggantung sabalané kang padha tuhu.
Kedhiri banjur ditanduri adipati kabawah Singasari.
Bareng para ratu darah Empu Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok banjur
jumeneng Ratu gedhé, jejuluk Prabu Rejasa, uaiku kang nurunaké para ratu ing Majapait.
Kacarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Tunggul Ametung wis ambobot. Bareng wis
tekan mangsané, Sang Retna mbabar putra kakung, diparingi peparab Radèn Anuspati.
Wiwit timur nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené dudu putrané Prabu Rejasa,
nanging rumangsa yèn ora ditresnani ing Sang Prabu, beda banget karo rayi rayiné.
Ing sawijining dina Anusapati kelair marang ibuné mangkéné: ”Ibu, punapa, déné Kangjeng
rama punika teka boten remen dhateng kula?”
Sang Retna banget trenyuhing galih mireng atur sasambaté kang putra, wasana banjur keprojol
pangandikané; kang putra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan.
Anusapati banget ing pangunguné, sanalika banjur duwè sedya males ukum, nanging isih
sinamun ing semu.
Keris yasané Empu Gandring disuwun, pawatané mung kepingin banget anganggo.
Kang ibu lamba ing galih, keris diparingaké.
Anusapati banjur nimbali abdiné kekasih, diparingi keris mau lan diweruhaké ing wewadiné. Benginé
Sang Prabu séda kaprajaya ing duratmaka.
Layoné Sang Prabu dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang).
Anusapati nggentèni jumeneng Nata.
Anusapati jumeneng ora suwé, awit Radèn Tohjaya ngerti yèn Anusapati kang nyedani ramané, mulané
sumedya males ukum lan iya kelakon.
Tohjaya jumeneng Nata, nanging iya ora suwé. Tohjaya utusan mantriné aran Lembu Ampal,
didhawuhi nyirnakaké kalilipe loro, yaiku: Ranggawuni, putrané Anusapati, lan nakdulure kang aran
Narasingamurti; yèn ora bisa kelakon, Lembu Ampal dhéwé bakal kena ukum pati.
Dumadakan ana sawijining Brahmana kang welas marang raden loro, banjur wewarah
saperluné.
Satriya loro banjur ndhelik ana ing panggonané Panji Patipati.
Lembu Ampal nggolèki raden loro ora ketemu, banjur ora wani mulih, ngungsi marang Panji
Patipati.
Bareng ana ing kono mbalik ngiloni raden loro, malah ngrembugi para punggawa kang ora
cocog karo Tohjaya diajak ngraman, wasana kelakon, Sang Prabu nganti nemahi séda.
Ranggawuni jumeneng Nata ajejuluk Syri Wisynuwardhana nganti nakdhereke Narasinga.
Nganti tekan ing séda priyagung loro mau rukun banget, nganti dibasakaké: ”Kaya Wisynu lan kang
raka Bathara Endra”.
Karatoné mundhak gedhé pulih kaya dhèk jamané Prabu Erlangga, malah jajahané wuwuh Madura.
Sang Nata séda ing tahun 1268, layoné diobong kaya adat, awuné sing separo dicandhi ana ing Welèri,
ditumpango reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Tumpang) nganggo reca Budha.
Dadi tetéla ing wektu iku agama Syiwah karo Budha campur.
Pérangan Kang Kapisan
Bab 5
Jumenengé Kartanagara ing Tumapel
(1268 – 1292)
Ratu Singasari kang Kaping V, jumeneng mekasi. Sasédané Syri Wisynuwardhana pangéran pati jumeneng Nata, ajejuluk Prabu Kartanagara.
Sang Prabu manggalih marang kawruh kagunan, lan kasusastran, lan iya manggalih marang undhaking
jajahan, nanging kurang ngatos atos, lan kersa ngunjuk nganti dadi wuru.
Ana nayakaning praja aran Banyak Widhe utama Arya Wiraraja, tepung becik lan Jayakatwang, adipati
ing Daha.
Satriya iku ora sungkem marang ratuné, malah wis sekuthon karo Jayakatwang, arep mbalela.
Dumadakan ana punggawa kang matur prakara iku, nanging Sang Prabu ora menggalih, Wiraraja
malah diangkat dadi adipati ana ing Madura.
Pepatihe Sang Nata aran Raganatha rumeksa banget marang ratuné, nganti sok wani ngaturi
pènget marang Sang Prabu ing bab kang ora bener, nanging Sang Prabu ora rena ing galih, ora
nimbangi rumeksaning patih setya iku, malah banjur milih patih liya kang bisa ngladèni karsané.
Patih wredha diundur, winisuda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campur karo prakara
pangreh praja.
Patih anyar senengé mung ngalem marang ratuné lan ngladosi unjuk unjukan.
Ana utusan saka ratu agung ing nagara Cina (Chubilai) dhawuh supaya Prabu Kartanagara nyalirani
dhéwé utawa wakilsuwana marang nagara Cina perlu saos bekti (tahun 1289).
Sang Prabu duka banget. Bathuking Cina utusan digambari pasemon kang ora apik, nelakaké dukané
Sang Prabu.
Bareng tekan ing nagara Cina patrape ratu Jawa kang mangkono iku mau njalari dukané ratu binathara
ing Cina,
Ing tahun1292 ana prajurit gedhé saka ing Cina arep ngukum ing kuwanéné wong Jawa.
Wiraraja sasuwéné ana ing Madura isih ngrungok ngrungokaké apa kang kalakon ana ing Singasari, lan
iya weruh uga yèn ing wektu iku prajurit Singasari dilurugaké menyang Sumatra.
Wiraraja ngajani Jayakatwang akon nangguh mbedhah Singasari, mumpung nagara lagi kesisan bala.
Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratu lan patihe katungkep ing mungsuh isih
terus unjuk unjukan baé (wuru), mulané ora rekasa pinurih sédané.
Radèn Wijaya, wayahè Narasinga, nuli umangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratuné,
nanging wis kaslepek karoban wong Daha, mulané banjur kepeksa ngoncati, mung kari nggawa
bala 12, genti genti nggendhong Sang Putri garwané Radèn Wijaya, putrané Prabu Kartanagara.
Lampahè Radèn Wijaya sasentanané nusup angayam alas.
Kalebu wilangan 12 iku ana satriyané loro, putrané Wiraraja, duwè atur marang Gustiné
supaya ngungsi menyang Madura.
Sang Pangéran mauné ora karsa, nanging suwé suwé nuruti. Ana ing madura ditampani kalawan
becik.
Rembuge Wiraraja, Radèn Wijaya diaturi suwita menyang Daha. Wiraraja sing arep
nglantaraké.
Yèn wis kelakon suwita Radèn Wijaya diaturi nyetitèkaké para punggawa ing Daha, sapa sing
kendel utawa jirih, tuhu utawa lamis.
Yèn wis antara suwé diaturi nyuwun tanah tanah Trik, dibabada banjur dienggonana.
Radèn Wijaya nurut ing pitudhuh, lan iya kelakon suwita ing Daha.
Kacarita pasuwitané kanggep banget, amarga saka pintere nuju karsa, lan saka pintere olah
gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahaké.
Kabeh piwulangé Wiraraja ditindakaké, dilalah Sang Prabu teka dhangan baé, malah bareng
tanah Trik wis dibabad, Radèn Wijaya nyuwun manggon ing kono iya dililani.
Kacarita nalika babade tanah Trik mau, ana wong kang methik woh maja dipangan, nanging
rasané pait. Awit saka iku désa ingkono mau banjur dijenengaké Majapait.
bareng Radèn Wijaya wis manggon ing Majapait, rumangsa wis wayahè tata tata males ukum,
ngrusak kraton Daha, ananging Wiraraja akon sabar dhisik, awit isih ngenteni prajurit saka
nagara Cina kang arep ngukum wong Singasari.
Karepe Wiraraja arep ngréwangi Cina baé dhisik, besuké arep mbalik mungsuh Cina. Wiraraja
banjur boyong sakulawargané lan saprajurite menyang Majapait ngumpul dadi siji karo Radèn Wijaya.
Pérangan Kang Kapisan
Bab 6
Karajan Melayu
Ing Bab 5 ana critané Prabu Kartanagara enggoné anjangka undhaking jajahané.
Ana ing tanah Sumatra kelakon bisa oleh jajahan.
Ing ngisor iki iki crita sathithik tumraping karajan karajan ing tanah Melayu.
Kacarita ratu ing Funan, kira kira ing sajroning abad 3 ngelar jajahan, ngelun tanah Sumatra, Jawa lan
liya liyané, ayaké ratu iku kang yasa reca reca ing tanah Pasémah.
Ing abad kapitu ana golonganing para pangéran saka ing Indhu Buri, pada manggon ing sakiwa
tengening Palembang, banjur ngedegaké nagara gedhé, jenengé karajan çrivijaya (= Syriwijaya, sinebut
ing bangsa Cina nagara: Sambotsai).
Ratu ratuné padha darah Warman, isih dumunung sanak karo darah Purnawarman ing Tanah Jawa dhèk
abad 4 – 5, apadéné darah Mulawarman ing Kutai lan Bornéo dhèk watara tahun 400.
Nagara çrivijaya jajahané kira kira Sumatra sisih kidul ln tengah, Malaka, Kamboja lan malah tekan
Tanah Jawa.
Ing tahun 686 ratu agung ing negara çrivijaya nglurugi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora tuhu
pangèdhêpé marang çrivijaya.
Sajroning abad 10 prajurit Jawa genti nglurugi çrivijaya, menang, nanging ora suwé çrivijaya bisa
kombul manèh.
Praja iku ajeg enggoné nglakokaké utusan marang Narendra ing Cina.
Ing sajroning abad 12 lan 13 nagara gedhé çrivijaya pecah dadi karajan cilik cilik.
Darah Warman jumeneng ana ing tanah kang sinebut tanah: ”Melayu” yaiku saikiné Jambi.
Rehning pasisiré tanah Melayu kono akèh rerusuh, wongé akèh kang padha ngungsi marang tanah
pagunungan kang loh, ana ing kono padha dedhukuh.
Bareng Tanah Jawa gedhé pangwasané, Prabu Kartanagara (1268 – 1292) kalakon bisa ngrusak kutha
Paséi, lan ngejegi Jambi, Palembang, Riouw sarta kutha kutha akèh ing Bornéo apadéné pulo pulo ing
Moloko.
Ing saantaraning tahun 1275 lan 1293 wong Jawa nglurugi tanah pagunungan Jambi mau yaiku tanah
kang besuké aran Menangkabau. Lurugan iku diarani: Pamalayu.
Ing tahun 1268 Prabu Kartanagara angganjar reca marang ratu ing Dharmmaçraya (Darmasraya) uga
dumunung ing tanah Jambi, ing saikiné ora adoh karo Sungai Lansat.
karajan iku ing besuké kalebu jajahan Majapait, rajané darah Warman jejuluk Tribuwana
(Mauliwarman) kagungan garwa bangsa Melayu, kang putriné (putrané putri) ayaké dai garwané Radèn
Wijaya biyèn.
Sang Raja Tribhuwana milu karo bangsa Jawa nglurugi tanah Padhang Hulu.
Miturut carita Melayu, lurugan mau ora oleh gawé, mung marga saka klebu ing gelar, kalah enggoné
adu kebo, mulané kuthané banjur jeneng Menangkabau iku.
Ana raja wewengkoné karajan Dharmmaçraya jejuluk Adityawarman nagarané ing Malayupura, kang
ing tahun 1347 wus merdika, ambawa pribadhi, iku nglurugi Menangkabau, nanging ora nganti dadi
perang, malah banjur diangkat dadi raja ing kono, awit pancèn dianggep bangsa Melayu.
Jumenengé ana ing Menangkabau wiwit tahun 1347 tekan 1375, kecrita ing kawicaksanané lan pintere
nyekel praja.
Tumeka saprené Sang Adityawarman sarta nayakané loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai
Katumanggungan isih dipundhi pundhi marang bangsa Menangkabau.
Sapungkure Sang Aditya wis ora ana raja ing Menangkabau kang kecrita.
Negarané pecah pecah, ing saiki isih akèh titike, mungguh ing kaluhuraning para raja Jawa asal
Indhu, ana ing tanah Menangkabau kono, luwih luwih tumraping basa lan sastrané
Darah raja raja kuna ing Menangkabau mau enteke durung lawas, kang pungkas pungkasan
putri, sédané lagi saiki baé.
Ing tahun 1377 kutha Sanbotsai ing tanah Palembang rinusak ing balané Prabu Ayamwuruk.
kang kuwasa ing tanah Palembang kasebut jeneng Arya Damar nurunaké Radèn Patah (+/- tahun
1500).
Awit saka ambruking karaton Majapait, Palembang iya katut apes, besuké kalah karo Banten.
Kaluhuraning Tanah Jawa ana ing Sumatra sisih kidul kono tumekané dina iki uga iya isih akèh tilas
tilasé.
Pérangan Kang Kapisan
Bab 7
Perang Cina lan Adegé Karajan Majapait
(1292)
Ing tengah tengahané tahun 1292 Maharaja Choebilai sida ngangkataké wadya bala menyang ing
Tanah Jawa perlu arep ngukum Prabu Kartanagara.
Ana ing pacekan (Surabaya) prau Jawa kalah, nuli bala Cina arep nglurugi9 Daha, kang dikira
panggonané Kartanagara (kang nalika iku wis séda).
Kacarita Radèn Wijaya dhèk jaman samono wus wiwit mbalela marang Jayakatwang ratu ing Daha.
Sarèhné duwè pangarep arep bisaa ditulungi ing Cina numpes ratu ing Daha, mulané Radèn Wijaya
banjur gawé gelar ethok ethok arep teluk marang sénapati Cina.
Kabeneran ora let suwé Majapait, panggonané Radèn Widjaya ditempuh ing wong Daha, Radèn
Wijaya entuk pitulungané wong Cina bisa menang.
Wasana ing tahun 1293 kutha Daha dikepung ing balané Shih Pih lan Radèn Wijaya, Daha bedhah,
ratuné kacekel, peni peni raja peni dijarah rajah, Radèn Wijaya nulungi putri putri, putrané Prabu
Kartanagara digawa oncad menyang Majapait.
ora antara suwé, marga saka akale Wiraraja, Radèn Wijaya bisa ngusri prajurit Cina.
Wondéné prajurit mau, senadyan kesusu susu meksa isih bisa anggawa barang rayahan, pengaji mas
satengah yuta tail lan tawanan wong satus saka Daha.
Radèn Wijaya banjur jumeneng Nata ing Majapait, jejuluk Kertarejasa Jayawardhana utawa Brawijaya
I (tahun 1294 – 1309)
Sawisé jumeneng Nata, Sang Prabu anggeganjar marang sakabèhing kawula kang mauné labuh,
marang panjenengané. Wiraraja dibagehi tanah Lumajang saurute.
Putriné Kartanagara papat pisan dadi garwané Sang Prabu, lan isi ana garwa paminggir siji
saka tanah Melayu aran Sri Indresywari.
Saka gaewa paminggir iki Sang Prabu kagungan putra R. Kaligemet, kang besuké nggentos
kaprabon, ajejuluk Jayanégara, saka Prameswari Sang Prabu peputra putri loro.
Ing tahun 1295 R. Kalagemet lagi yuswa sataun wis diangkat dadi panéran pati lan dadi ratu ing
Kedhiri, ibuné kang ngembani nyekel praja Kedhiri.
Ing nalika panjenengané Prabu Kertarejasa Jayawardhana iku, Tanah Jawa karo Cina becik
manèh, perdagangané gedhé, wong Cina teka ing Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merjan,
sutra biru, sutra kembang kembangan, bala pecah lan dandanan wesi.
Saka ing Tanah Jawa, Cina kulak: beras, kopi kapri, rami, bumbon craken luwih luwih mrica,
barang barang mas utawa salaka, bangsa dandanan kuningan utawa tembaga, tenunan kapas lan
sutra, welirang, gading, cula warak, kayu warna warna, manuk jakatuwa lan barang nam
naman.
Ing Tanah Jawa ing wektu iku akèh palabuhan ramé, kayata: Tuban, Sedayu; Canggu.
nalika jamané ratu iki ing bawah karaton Majapait kena dibasakaké ungsum kraman.
Para satriya kang mèlu lara lapa dhèk jamané Radèn Wijaya saiki ora oleh ati, awit Sang Prabu mung
anggega aturing nayakané kang aran Mahapati, wasana para satriya mau banjur genti genti padha
ngraman, nanging temahan asor jurite.
Ing tahun 1328 Sang Prabu séda, dicidra ing dukun kang didhawuhi ambedhel salirané.
Sasédané Prabu Jayanégara kang gumanti sadhereke putri, kang sesilih Bhreng Kauripan banjur jejuluk
Jayawisynuwardhani.
Sang nata dewi krama oleh satriya, kekasih Kartawardhana, misuwur pinter, sregep lan jejeg
penggalihe. Sang Pangéran diangkat dadi panggedhéning jaksa lan oleh lungguh bumi Singasari sawewengkoné.Gajahmada dadi warangkaning ratu. Karepe Gajahmada arep nungkulaké saTanah Jawa kabèh lan pulo pulo sakiwatengené.
Ora let suwé yaiku tahun 1334 Sumbawa lan Bali bedhah banjur kabawah marang Majapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahaké Lombok, Madura, Blambangan lan Sélebes sabageyan. Sénapatining prajurit kang ngelar jajahan ing sajabaning Jawa aran Nala.
Ing tahun 1334 Sang Raja putri mbabar miyos kakung diparabi Ayam Wuruk, kang banjur
dijumenengaké Nata, nanging isih diembani kang ibu nganti tekan tahun 1350.
kasambung wonten ing carios babad tanah djawi part;2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan anda berkomentar, namun tetap jaga kesopanan dengan tidak melakukan komentar spam...!!!