Bocah Bagus Anakku Lanang..
Ojo Wedi,,Golék-o Pepadhange Dalan..
Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang..
Duh Bocah Bagus Anakku Lanang..
Wong Tuwamu Dudu Raja..
Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya..
Sangumu Mung Isi Pitutur..
Muga Dadi Titah Kang Luhur..
Anak Lanang Bagusing Ati..
Ojo Lali Anggonmu Memuji..
Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi..
Mugo Dadi Padhangé Ati..
Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo..
Urip Ing Kono Koyo Samudro..
Mulo Nggér,,Ojo Wegah Podho Tetanén..
Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén..
Bocah Bagus Anakku Lanang..
Ojo Nganti Ninggal Piwulang..
Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang..
Ojo Jirih Ing Pepalang..
Sejatiné Ora Ono Opo-Opo..
Sejatiné Jagadawujud Suwung
Ora Warno Lan Ora Rupo..
Sing Ono Mung Awang-Uwung..
Akéhing Bandha Dudu Ukuran..
Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran..
Lan Pepujané Rasa Dudu Anak..
Pagering Jiwo Dudu Sanak..
Wong Tuwamu Dudu Dewo..
Ora Wenang Nulis Garisé Manungso..
Sangumu Mung Isi Pitutur..
Mugo Dadi Titah Kang Luhur..
Minggu, 20 Februari 2011
5
100%HALAL: Nasihat Bapak
Bocah Bagus Anakku Lanang.. Ojo Wedi,,Golék-o Pepadhange Dalan.. Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang.. Duh Bocah Bagus Anakku Lanang.. ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan anda berkomentar, namun tetap jaga kesopanan dengan tidak melakukan komentar spam...!!!