Aku meteng maneh. Iki calon anakku sing nomer pitu. Edan! Iya pancen edan. Aku sing bojone tukang becak, manggon ing kontrakan rupak, adoh saka kecukupan, bakal duwe anak pitu!
Aku ora bisa kaya ibu-ibu liyane sing katon bungah banget yen bakal duwe anak. Pamer marang kanca-kancane, sregep priksa marang dhokter utawa bidhan, lan nyawisake kabeh kebutuhan tumrap si jabang bayi kang bakal lair. Aku ora bisa kaya mangkono. Kanggoku kandhutan iki malah kaya bumerang, lan uga sumber panandhang.
Aku kudu nutup kuping, reka-reka ora krungu marang celathune tangga-tangga sing ngerti aku ngandhut maneh. Durung maneh lambe-lambe tipis sing nyinyir ngiris ati. Warni meteng maneh? Kaya kucing wae! Sing marahi anyel, wong-wong kuwi kandha menawa aku ora gelem melu program KB! Asem tenan…..
Sapa kandha aku ora melu program KB? Sapa kandha yen aku seneng manak? Upama entuk milih sejatine aku uga kepengin urip lumrah, duwe kulawarga cilik sing kebak kabagyan. Kepengin duwe anak loro lan sewu pepenginan liya sing nganti saiki durung kaleksanan.
Aku wis ngupaya supaya ora duwe anak maneh. Lan kandhutan sing keri iki satemene aku wis mbudidaya supaya aja nganti lair. Sstt…, aja kandha-kandha ya, awit pakartiku iki wis nerak angger-angger lan uga dosa. Kabeh ramuwan wis dakombe kanggo nggugurake calon bayi iki. Nanging tanpa asil. Malah kepara tangsaya subur.
Atiku mbrontak! Geneya wong-wong kuwi padha sinis marang aku sing duwe anak akeh? Apa merga aku mlarat? Apa kuwatir yen aku bakal gawe repote wong-wong sing sinis kuwi?
Dakakoni yen aku mlarat, mbokmenawa malah mlarat banget. Nanging aku ora tau njaluk diwelasi sapa wae. Aku ora tau ndadekake kahananku sing mlarat iki kanggo pawadan supaya diwelasi liyan. Nanging yagene malah wong liya ribut ngurusi kahananku sing mlarat iki. Gumun aku…
Awit saka anggone padha nyenyamah kuwi, sirahku dadi kerep krasa mumet. Aku krasa kesiksa. Nembe pisan iki aku ngrasakake ngandhut sing banget nyiksa. Ngenteni laire jabang bayi rasane kaya suwe banget.
Dina Setu, jam sepuluh bengi, anakku lair ing ngomah. Lambaran klasa, tanpa ana bidhan apamaneh dhokter. Amung ditunggoni mbah Jinem, dhukun bayi. Dibandhingake karo kabeh anakku sing dhisik, klairan iki krasa beda. Si bayi nangis sawise setengah jam. Kuwi wae merga budidayane mbah Jinem sing ngupaya kanthi tlaten amrih si bayi bisa nangis. Tangise alon lan lirih, kaya kucing!
Anakku wadon maneh, ayu, montog lan tanpa cacat. Aku ngucap sukur marang Gusti. Nanging ana sing ngganjel ing batinku, yakuwi mripate anakku ora gelem melek lan tangise arang banget.
Anakku dakranggeh, dakambungi. Geneya kowe meneng wae, Ndhuk? Apa wedi nyawang ruweting donya? Apa wedi marang kemlaratane bapa-biyungmu nganti arep nangis wae kowe ora kuwawa. Ah mesakake temen kowe, Ndhuk….
Wis limang dina anakku durung melek. Tangise sangsaya lirih. Anakku ora gelem nyusu. Kamangka isine susuku wis kebak. Amung madu sing bisa diklamuti dening anakku.
Pipine sing montog ilang. Praupane dadi pucet banget lan mripate sangsaya dhipet, napase seseg. Aku ngerti, kahanan awake anakku ana sing ora lumrah, nanging apa? Geneya kesadharan tekane mesthi telat? Sawise awake anakku biru kabeh lagi dakgawa menyang rumah sakit.
“Gusti, sampun kapundhut rumiyin anak kula menika. Kula tresna dhateng piyambakipun. Kula akeni rumiyin kula nulak lare menika lan boten kepengin piyambakipun lair ing donya. Nyuwun pangapunten Gusti,” mengkono pisambatku.
Upama aku ora menyang kuburane anakku -anakku sing mara menyang ngamah banjur ngajak gojeg
Sewengi muput anakku daktunggu. Aku ora ngrewes kahanane awakku dhewe. Sing baku anakku kudu bisa waras. Aku wiwit krasa menawa satemene tresna banget marang dheweke. Lan aku wedi kelangan dheweke.
Manungsa kadhangkala rumangsa pinter, rumangsa ngerti, rumangsa bisa. Upama biyen aku nampa apa anane dheweke kuwi, mbokmenawa pangrasaku ora diukum kaya mangkene.
Nyawang kahanane anakku atiku kaya direrujit. Selang infus lan dom cilik-cilik padha rebutan nyubles anggane sing isih cilik lan tanpa daya kuwi. Aku yakin dheweke mesthi kelaran. Upama bisa dipindhah, aku bakal njaluk marang dhokter supaya rasa lara kuwi aku wae sing ngrasakake. Anakku aja nganti ngalami panandhang. Aku ora tega nyawang anakku kesiksa kaya mangkono. Sebab kawit dheweke thukul ing guwa garbaku durung tau nampa sihing katresnanku. Upama entuk, bakal daktebus kabeh dosaku kuwi ing wektu teruse. Aku kepengin ngopeni anakku kuwi salawase.
“Dhuh Gusti, sampun dipun pundhut anak kula. Kula janji badhe nebus dosa kula dhateng piyambakipun,” panggresahku.
Nanging Gusti wis ngersakake. Mbarengi adzan Subuh, anakku bali marang pangayunaNe. Aku ora kuwawa nyandhet.
“Dhuh Gusti, sampun malih purun kula gendhong lan kula usap, nyawang lan netek kemawon piyambakipun boten purun. Punapa manahipun runtik dhateng kula ingkang sampun nyiya-nyiya rikala wonten ing kandhutan?” pitakonku marang Gusti.
Aku dadi sarwa luput. Sedhihe atiku lan tangisku mbokmenawa malah gawe guyune tangga teparo. Sing serik marang aku padha rasan-rasan yen sedhihku mau mung sedhih ethok-ethok. Ana maneh sing nylemong yen matine anakku kuwi pancen wis dakkarepake sadurunge. Mentala tenan sing kandha mangkono kuwi.
Dina-dina sawise anakku mati, pikiranku tansah dikebaki wewayangane. Aku asring ngimpi ditekani anakku kuwi. Aku kangen tenan karo anakku kuwi. Mbokmenawa kangenku bakal oleh tamba yen aku cedhak anakku kuwi. Yakuwi lungguh ndheprok ing kuburane kana.
Upama aku ora menyang kuburane anakku, anakku sing mara menyang ngomah banjur ngajak gojeg aku. Tansah masang kembang ing rambutku, satemah rambutku kebak kembang. Yen wis mangkono anakku kuwi bakal ngguyu kesenengen. Lan aku uga melu ngguyu. Ah, pranyata anakku ora gething karo aku. Bagya mulya tenan uripku.
Nanging kabagyanku karo anakku kuwi kerep diganggu dening wong-wong ing sakiwa tengenku. Wong-wong kuwi mesthi nggawa aku bali mulih nalika aku dolanan karo anakku ing kuburane.
“War…Warni…. Eling War, nyebuta asmane Gusti. Ana bocah enem sing isih butuh kawigatenmu. Lilakna anakmu sing keri dhewe kuwi, dheweke wis tentrem uripe ing alam kalanggengan.”
Kabeh uwong kandha mangkono, klebu bojoku. Gumun tenan aku, apa wong-wong kuwi padha ora ngerti yen aku lagi gegojegan karo anakku? Geneya malah padha menging? Dhasar sirik, ngono batinku.
Akeh wong pinter sing dijaluki tulung nambani aku. Aneh, geneya kok aku ndadak ditulungi? Lha aku ini kena apa? Nanging aku ora perduli, aku ya tetep aku. Aku ora bisa yen kon nglereni apa sing daklakoni. Awit amung kuwi sing njalari aku bisa nemokake kabagyan. Saben gegojegan karo anakku, rasane bagya mulya.
Aku pasrah wae nalika wong-wong kuwi padha nggotong aku menyang omahe anakku kang cilik. Aku seneng jalaran aku ora perlu repot-repot maneh mlaku mrono yen kepengin ketemu anakku. Saiki aku wis mapan cedhak karo anakku. Ora ana sing bisa ngalang-alangi aku ketemu dheweke.
Nanging yagene praupane wong-wong sing ngeterake aku menyang papan sing cedhak karo anakku mau padha katon sungkawa? Anak-anakku sing cacah enem uga katon sedhih. Bojoku uga katon sedhih. Geneya? Nalika aku nyedhak anak-anakku lan uga bojoku kanggo kandha supaya aja sedhih, awit aku saiki ana ing kabagyan, anak-anakku lan uga bojoku ora bisa krungu. Malah kulawargaku kuwi ora weruh aku.
Aku Warni, bojone tukang becak, duwe anak pitu, nanging dipundhut Gusti siji. Saiki nyawiji karo anakku sing cilik dhewe, ing omah cilik diarani cungkup. Ing pungkasan uripku, wong-wong ngarani aku iki edan!
Sabtu, 16 Juli 2011
5
100%HALAL: Jarene Aku Edan
Aku meteng maneh. Iki calon anakku sing nomer pitu. Edan! Iya pancen edan. Aku sing bojone tukang becak, manggon ing kontrakan rupak, adoh s...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan anda berkomentar, namun tetap jaga kesopanan dengan tidak melakukan komentar spam...!!!